Rabu, 22 September 2010

MC HALAL BI HALAL (BAHASA JAWA)

10 AGS 2010

Assalamu’ alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh
Alhamdulillahi Robbil ‘Alamin. Washolatu wassalamu ‘ala asyrofil Ambiyaai Wal mursaliin Sayyidina Muhammadin wa’alaihi washohbihi ajma’iin Ammaba’du.


- Engkang kawulo hormati Bp Kepala Keluraha lan sedoyo perangkatipun

  • Engkang kawulo hormati Bp Ketua RW. lan sedoyo pengurus

  • Engkang kawulo hormati Bp Ketua RT. ngantos RT. wewengkon ke RW an ... Tlatah Parentak .... lan sedoyo pengurusipun.

  • Engkang kawulo hormati Bp Ustat .......

  • Engkang kawulo hormati sedoyo keluarga ageng wargo RW. ... tlatah Kelurahan ....

  • Engkang kawulo hormati sedoyo tamu undangan, poro rowuh kakung putri, sesepuh pinisepuh, poro alim ulama, sumrambah dumateng poro kadang mudo tumaruno, lan sedoyo panityo HALAL BI HALAL 1430 H.


Sepindhah mangga sareng-sareng ngaturken puji syukur kunjuk dhumateng ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun pinaringan Taufik saha Hidayah saenggo kita saget pepanggihan ing papan puniko kanthi kawilujengan soho kasarasan.


Kaping kalih Solawat saha salam mugi tansah pinaringan dhumateng junjungan kita Kanjeng Nabi Mohammad SAW, ingkang sampun paring pitedah lan ingkang kita ajeng-ajeng safaatipun.


Kaping tiga sugeng rawuh lan maturnuwun sanget dhumateng paro tamu ingkang sampun kerso nglonggaraken wekdal ngrawuhi pahargyan HALAL BI HALAH 1430 H engkang dipun wontenaken ing mriki RT. ... egkang kajibah minongko panityo.

Bp Ibu engkang satuhu kinormatan

Wonten ing ri kalenggahan puniko kawulo engkang kajibah ngaturaken reroncening adi coro Halal Bi Halal ing dalu puniki :

  1. Pambuko ====> Basmalah

  2. Waosan Pustoko Suci Al Quran lan sari tilawah ==> engkang kajibah ngaturaken injih puniko ..........

  1. Atur Pambagyo harjo saking Panitya ==> Bp Ketua RT. 10, .....

  2. Atur Pangandikan saking Bp Ketua RW. .......

  3. Atur Pangandikan saking Bp Kepala Kelurahan ....

  4. Sumene ==>Bp/Ibu para lenggah monggo kulo derekaken kembul bujono ondrowino engkang sampun samekto ing sasono ondowino (mapan wonten sisih kiring wingking).

  5. Pamedar Sabdo /hikmah Halal Bi Halal lan do'a=> Bp Ustat, ....

  6. Paripurna (Penutup) kanti jabat asto sedoyo poro rawuh (salam-salaman).

Mekaten rantaman adicoro ing palenggahan puniko, mbok bilih wonten andharan soho atur kulo ingkang kirang prayogi kulo nyuwun agenging samudro pangaksami.
Bilahittaufik walhidayah Wassalamu ‘alaikum Warohmatullohi Wabarokaatuh.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar